Cara Pinjam

1. Daftar ke Petugas
2. Pilih Buku
3. Perlakukan Buku dgn baik
4. Kembalikan Tepat Waktu
WONG SUGIH KARO WONG MELARAT KUWI PANCEN BEDO,
Disadur dari FB-nya Mbak Netty

Mangkat iring kemanten wae wis ketok bedo.............
Ibu-ibu nek iring-iring kemanten yo di bedak-bedakno, sing sugih bolo sugih, sing melarat yo di kelumpukne karo melarate.

Sing sugih-sugih di tumpakne mobil sing apik-apik, mobil mewah-mewah, bangsane mobil Jenio, Pajero, Hamer, Lenkruser, Portuner, Penter, Inova, Avansa, Senia, Merci, Epivi, Cervi, Terios, Rus, Honda Jes, iku sing sugih-sugih… 

Sing numpak, mba Ika, mba Sinta, mba Widia, mba Yanti. mba Tuti, mba Mike, mba Ema, mba Erna, mba Tasya, mba Sindi, mba Alda, mba Risma, mba Siska, mba Susi, mba Lili..........

Tapi nek sing balane… Sundari, Ratemi, Supiah, Tasmining, Rumijah, Paenah, katoyah, Sumiati, Sumiatun, yo kol bak(kol ompreng) iku tumpakane, nek perlu di usungi nganggo Tossa(motor roda 3 seng mburi enek bak'e).

Pancen ra podo.., sangune wae ra podo, sing sugih-sugih numpak mobil mewah, sangune yo enak-enak.. buah Pir, Apel, Jeruk, Duren, Duku, Kelengkeng, Anggur…, ngombene yo Fanta, Koka-kola, Sprait, Maison,karo Pokari swit..., Iku wong sugih, lha sing melarat-melarat numpak kol bak sangune yo Ote-Ote, Onde-Onde, Lemper, Gedang goreng, Tahu isi, Tempe mbus, Lomboke wakeh.., ngombene Es Teh di wadahi plastik, taleni cokot pojokane.. .

Tekan gon kemanten yo bedo, sing mudun seko mobil apik yo ketok gandes, luwes, lemes, pantes, pancen wong sugih, mudun nganggo sandal jinjit dowo koyo artis, dengkule di ciutno, bokonge di jentitno, susune di unjukno, mentek-mentek, gelungane rambut gede podo koyo bane mobil Praoto, mudun nyangklek tas karo nyekeli dompet, mlakune tit.. njentit.. jentit.. njentit.. njentit…,

Mlaku karo pamer gelang nganti iso muni gelange krimpying.., krimpying.., krimpying.., gela-gelo, lambene pencap pencep.

Lha sing melarat mudun seko kol bak wis ora rupo menungso, lambene nyonyor kabeh, mergo ntek ote-ote enem lomboke pat likur, mongah-mongah lambene njedir kabeh, jontor dewe-dewe, rambute mosak-masek keno angin, keringet meruntus jrojosan sesek-sesekan nang kol bak, celake ndelewer tekan pipi, lipstik munggah nang mripat, mudun seko kol bak sandal jepit nganti iso kleru, sing tengen sandale rupane abang, sing kiwe rupane kuning, ngono kui esih di kongkon nyangking kerdus.....


Hehehe….



*CUPLIKAN Pengajian KH Anwar Zahid - Bojonegoro

Bila anda tertarik dengan Buku Ini, segera datang ke Perpustakaan kami

Perpustakaan Desa " Ki Hadjar Dewantoro " dengan alamat Desa Kedungjaran KM2 dengan fasilitas Cafe Wiffi, Minimarket dan Ruangan Full AC

0 komentar for "Beda Wong Sugih Karo Wong Mlarat"

Leave a reply